Rabu, 22 Februari 2012

IX G SPENDABAYA TH PELAJARAN 2011 -2012


Kelas IX G (Good)
Saben mlebu ruangan kelas IX G, bapak/ ibu guru sing paring wulangan bakal pirsa fotone bocah- bocah karo fotone bapak/bapak ibu guru sing paring ilmu ing kelas mau.Foto-foto sing mejeng ing banner mau didesain Nissa bocah kelas IX G sing dikongkon kanca-kancane.Yen disetitekne saliyane fotone bocah, iya ana fotone bapak/ibu guru . Lo fotone Mam Lien (Ibu Sumarielein, guru basa Inggris), kok gak ana Nis ? Mam Lien boten kersa dipun foto pak , jarene Nissa. Saliyane foto iya ana tulisan :SELAMAT DATANG , WELL COME,SUGENG RAWUH , dikelas IX G tahun ajaran 2011 -2012.
Iki jenenge kanca-kancaku, fotoku endi ya ?
Anang, Ardianti, Athifah, Ayu Sasmita, Bahar, Citra, Dicky, Fahri, Fanda, Fani, Gita, Hazar, Henny, Insiya, Intan, Iqbal, Lailiyatul, Lis, Lolita, Maulana, Irvan, Nanang, Naufaldy, Nissa, Nova, Nurfarikha, Nurfadillah, Rina, Rizky, Tika, Wahyu, Warda, Yuli, Defly, Ar-Rafi

26 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Pahlawan Kartini

    Sumarating cahya rembulan
    Madhangi, ulat jagat, kang sampurna
    Mobah musiking tentanduran
    Siniram embun, kang tumetes, wanci enjang
    Kasaput.....mring hawa maruta, ganda sumerbak

    Aku banjur iling
    Ilingku mring kamardikan
    Kamardikan kang larang
    Kang tinebus, nyawa, prajurit
    Nyawa para pejuang
    Yaiku sinebut, pahlawan

    Kartini.....kartini.....
    Sira pranyata, pahlawan wanita
    Sentosa, deduweni tekat, kang mulya
    Hambudidaya, kanti sakehing pikir, lan tenaga
    Sang Hyang bagaskara, ywa nganti, aweh pepadang
    Mring sang kartini
    Gya weruh, mring kawajiban

    Kartini...!!!
    Nyinarke, pepalangan laku
    Kartini...!!!
    Gya gempur,lelawaraning tekat
    Kartini...!!!
    Sigra nempuh, barising pedut, kang hangendanu

    Sanadyanto abot, nyagga kawajiban
    Nangging, kanti tulus lahir lan batinmu
    Tan prabeda, lawan tekading bangsa
    Kang ngugemi, marang, kamardikan

    Gegolonging muda-mudinging bangsa
    Duweni tekat, ginelengeng dadi sawiji
    Mulat marang solah lan bowo
    Prajurit wanita, kang digdaya
    Sesilih asma, kartini
    Mbangun negara, kang mandiring
    Prayata mujudake negara kang merdeka

    BalasHapus
  3. RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh saka cahyamu
    pedhut ing sakindering pandulu

    panjenengan
    guruku, sihku, oborku
    kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


    Nama : Lis Arifa Dwi Putri
    No. absen : 20

    BalasHapus
  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  5. Babad Wedhi Pasisir

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    rarasing riris dhadha kumesar

    Warda/9g/34

    BalasHapus
  6. LINTANG-LINTANG

    lintang-lintang abyor ing tawang
    cumlorot sliweran nalika alihan
    kumleyang mencok ing socamu asihku
    cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    lintang-lintang alihan
    cumlorot telu ana pundhakku
    kawitan lintang abang lintang perang
    kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

    BalasHapus
  7. UDAN WAYAH SORE

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  8. Pangeran Diponegoro

    Raga nata

    Nala kawula

    Ora lila

    Taker ludira

    Nggusah penjajah Walanda

    Saka bumi Nuswantara

    Runtiking ati

    Pirsa solahing kumpeni

    Sawiyah marang bumi lan abdi

    Labuh pati ndhepani pertiwi

    Tan ngetang kurbaning picis

    Tan miris landheping mimis

    Nganti tumeka ing lalis

    Tumpes tapis

    Penget tumrap para mudha

    Mrih nulad anuladha

    Labuh bangsa mbangun praja

    Mbrastha durmalaning negara

    BalasHapus
  9. SRENGENGE ESUK

    Kumencar kuning emas
    Aweh salam liwat cendhela
    sugeng esuk bocah bagus
    sugeng esuk bocah ayu

    pereng-pereng gunung dirambati
    geget-geger ombak diusap-usap
    tangan-tangan uwit sing ngawe-awe
    mega lam mendhung disunari

    kumencar soroting srengenge
    nggawa panguripan ing bumi
    aweh kekuwatan lan kasantosan
    kanggo mlangkah tekan pucuk dalan

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mbak ini artinya apa? Tolong ya,besok saya disuruh mengartikan

      Hapus
  10. NALIKA SEPI ....

    pasuryanmu sing bening
    tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
    saya suwe tansaya adoh
    ninggalake sepi

    tan ana sabawa gumrisiking alang alang
    aku mung bisa nyawang
    pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
    nganti datan katon kasaput pedut ***

    BalasHapus
  11. IBU

    Ibu....
    Amarga kowe aku lair....
    Amarga kowe aku bisa ngerasakake....
    dunya iki....
    Lan amarga kowe....
    aku bisa dadi kaya ngene....

    Ibu....
    Awakmu ngelairna aku....
    tarungan karo nyawamu....
    Awakmu ngerawat aku....
    karo welas asih mu....

    Ibu....
    Yen aku lara....
    Awakmu melu bingung....
    Yen aku nangis....
    Awakmu melu sedhih....
    Yen aku seneng.....
    Awakmu melu seneng....

    Ibu....
    Awakmu yaiku....
    Pahlawanku....

    BalasHapus
  12. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  13. Layangan

    Ing tengah bulak
    Wayah ketiga ngerak
    Antheng mbrengengeng
    Kinubengan langit biru tanpa sesulak
    Mega putih tipis – tipis
    Mesem krungu tembang kekidungan
    Ngundang barat gedhe – gedhe, ngancik wayah sore

    Tangan – tangan kasar
    Ngulur kenur, dodongane mumbul
    Anteng mbrengengeng sowangane
    Pak tani ayem
    Panggone binger

    Srengenge angslup
    Layangan mudhun, warna peteng tumurun
    Cumanthel cagak, nganglah
    Kesentor ublik katon gagah
    Pak tani bungah


    Iki kang daktemu ing kene mitraku
    Ngundang layangan tanpa pamrih
    Benang lan keamenangan
    Oyak – oyakan dluwang
    Ing kene layangan anteng, sowangan mbrengengeng
    Kenure senar tanpa gelasan
    Ana nduwur ana memitran
    Apa kowe nate weruh

    Nama : Lailiyatul Khiftiyah
    Kelas : IX G
    No Absen : 19

    BalasHapus
  14. IBU

    Ibu ...
    Rikala aku isih cilik, Ibu tansah gendong aku
    Yen aku nangis, Ibu tansah ngerem-erem aku
    Yen aku takon tansah jawab sarana tresnamu

    Ibu ngenalke aku suara, mula aku bisa wicara
    Ibu ngenalke aku tembung, mula aku lancar maca
    Ibu ngulangi aku nulis,
    Aku tulis geguritan kanggo Ibu

    Ibu ...
    Aku tresna lan kangen Ibu
    Kaya tresnaku marang Ibu
    lan ngangeangen suwarga

    Ibu ...
    Tak aturke sak baris geguritan kanggo Ibu
    Mugi-mugi Gusti Allah tansah nresnani Ibu
    Ngluwihi tresnaku marang Ibu

    BalasHapus
  15. Dusunku ing dalem pesona


    Gugusan kabut dina esuk
    Berpadu karo langit sing biru
    Sang Mentari teka awit indahne
    Nyambut kembang sing bermekaran
    Adem nusuk kulit
    Angin getarake dedaunan
    Dak deleng kupu-kupu apik ing taman
    Seraya mesem marang aku
    Wahai dusunku
    Indah temen awakmu
    Karo keheningan sing sejuk
    Wahai dusunku
    Indah temen pesonamu

    BalasHapus
  16. SESAWANGAN


    Wayahe lingsir sore

    Ngetutake sikil tumapak lakune

    Aku bisa nyawang alam gumelare

    Meruhi ijo royo-royo tetandurane

    Sesawangan endah ngelam-lami ati wae

    Ing kadohan gunung merapi katon kukuse

    Sapandurat nyawang kaedahan

    Kaya-kaya keprungu dumelinging suwara

    Lumantar endahing sesawangan

    Aku weruh kumlawening Asta Dalem Pangeran

    ngawe-awe kaya-kaya paring sasmita

    kaendahan iku salam saka Pangeran

    Legeging ati tan weruh purwa duk sina

    BalasHapus
  17. Kembang Mawar Biru

    Kumleyanging rasa mecaki wengi

    Kagawa obah musike ati

    Gumunku ngrasake urip iki

    Kabuncang angin tan kuwawi

    Sambate tekan lungiting ati

    Pancen dinulu urip pindaning sandiwara

    Manut kandane bakul sinambi wara

    jejering garwa sigaranig nyawa

    Nanging ngapa malah dadi memala ?

    Tuwuhing peputra sapa ora bungah

    Awit Putra kinarya brana tan kinira

    Nanging yen tibane padha murang tata

    Apa keluwarga ora dadi sumber brahala

    Nanging gumelaring jagad jatining semu

    Kadya jejering kembang mawar biru

    BalasHapus
  18. Surabaya

    Kuthaku... Surabaya
    Isuk katon ijo royo-royo
    Ing jamane semono
    Nanging... saiki Surabayaku
    Dadi kutha sin ado ing ayeme ati
    Isuk,sore,tekan bengi
    Ruame banget..
    Sesliweran wonh,becak,motor,montor lan liya-liyane
    Rasane mata sepet
    Oh..... Surabayaku
    Oh..... Surabayaku
    Aku janji maring sliramu
    Tansah ngramut ben dadi kutha idaman kabeh manungsa

    Rina kurniawati
    IX G-30

    BalasHapus
  19. Endahing Bumiku

    Saben minggu esuk
    Sepedha tak jupuk
    Alon - alon, tak pancal ngubengi desa

    Ayo kanca
    Padha ndang tangio
    mlaku- mlaku nggolek hawa

    Aja kowe padha ngenakno turu
    ketilap sunaring srengenge
    madhangi buwana

    Coba delengen kae
    endahing bumi kita
    sawah, gunung, alas, segara
    pancen nyata
    gawe sengsem para wisata

    BalasHapus
  20. RAMA LAN IBU

    Wong loro kang paling aku agung-agungake
    Wong loro kang paling aku ajeni
    Amarga slirane aku bisa ngene
    Amarga slirane aku dadi gedhe

    Wiwit cilik ibu kang tansah nggulah wentah aku
    Wiwit cilik uga rama kang adus kringet
    Mados arta kanggo nyukupi kabeh kebutuhanku

    Esuk lan wengi rama lan ibu ora lali
    Ndedunga marang Kang Maha Kuasa
    Supaya putra-putrane tansah diwenehi kesehatan lan keslametan

    Angen-angenku kanggo rama lan ibu
    Mugi-mugi slirane dipun paringi panjang umur
    Supaya aku bisa mbales sedaya pangribanane marang aku

    Nur Farikha Rakhman
    9G-28

    BalasHapus
  21. Mung Sak Darmo

    sirah rasane bentet
    cumleng
    koyo kaentuk sewu kampleng
    cangkem ku kesel
    ngedumel
    mung biso umad-umid
    lungguh ku mung dingklik
    oglak aglik

    pancen durung sinayungan pangkat lan drajad
    ugo durung sinayungan bondo kalawan onyo
    ananging...
    aku ugo isih manungso
    kang ugo isih duweni pengarep-arep
    Pengarep-arep iki isih tak jogo
    impenku ugo isih tak openi
    kekarepan iki isih tak duweni
    ora luput wus nganti ora kuwowo

    BalasHapus
  22. Garinge Donya

    ketiga landung
    kali kedung asat
    manungsa bingung pating bilulung
    wit-witan pada ambruk
    godhong-godhong garing kemlinthing
    lemah pada bengkah
    aja nganti sira aweh panudhing sapa salah?
    jer sayekti kabeh pepeling
    wigatining panembah
    siniram donga pamuji kang grembaka

    Nova 9G-27

    BalasHapus
  23. REMBULAN


    Arepo sikilku ngambah bumi

    Ananging awaku mabur ing awang awang

    Mripatku nembus mega nyawang langit

    Anyepe udan wengi wis ra karasake

    Lan rembulan andhadhari sing tak ranggeh kui

    Sunare ora tumuju nang aku

    Pancen panggayuh sing ra guna

    Amung tanganku wae sing neka neka

    Aku kesel mabur terus

    Aku pengin ngrasake padete bumi

    Kaya wingi sakdurunge weruh rembulan

    Wingi ngrasake wedang teh karo udud wae wis marem

    BalasHapus
  24. PAK PUR, niki geguritan kula ngarang dhewe, sepuntene nek ala :D

    MAWAR

    mawar...
    wangi tenan ambune..
    abang, putih
    ora ana bedane
    abang, putih
    podo endahe
    endah sanget
    abang lambang tresno
    putih lambang suci
    endah tenan mawarku

    nanging, saiki mawarku
    wis ora iso sumringah maneh
    aku nangis!
    aku nelongso!

    BalasHapus
  25. KEKUDANGANKU


    o, ngger sang ponang jabang bayi
    bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
    sira wus lahir kanthi slamet
    nyawang gumelaring jagat raya

    yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
    kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
    yen sira mesem tak kudang tak liling

    o, ngger sang ponang jabang bayi
    tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming