Selasa, 28 Februari 2012

Yen iki kelas 9F ...........



9f, spendabaya 2011 - 2012. Yen pengin ketemu soimah, ya dolana mrene ...... ora usah adoh-adoh tekan Jakarta, dikandhani kok.....
Wali kelasku Bu Win, jangkepe Ibu Sri Windriani guru IPA Biologi,dene parabane kancaku lucu-lucu, contone ya kuwi Soimah, Pakgendut ya ana, gek endi ta bocahe, kenalana dhewe.....
Pakgendut,akrom,allan,amalia,anggara,aufa,boy,eka,eliza,febby,helwinda,iqbal,kemal,nisa,kriswi,lisna,lufita,mbah,megniz,pampam,megnuz,ndut,monic,annas,mami,dukun,ama,raka,reka,greg,gendut,shola,ullqy,umar,siwon,warda,widya,soimah

15 komentar:

  1. ALI-ALI (OJO LALI)

    Ngagemo ali-aliku
    Pamrihe,ojo lali karo aku
    Nadyan kula mboten melu
    Mbesuke, elingono lelabetku
    Lamunembane salaka
    Emane ojo tansah gawe cuwa
    Iki embgane kencana
    Pamrihe, tansah manggiho raharja
    Yen nganti ilang mripate
    Jarene, nemahi rubedo
    Yen nnganti dienggo wong seje
    Mbesuke, wis mangsa bodhoho
    Pilihanku mripat biru
    Pamrihe mrih sulistyo ing kang warni
    Yen takon isi atiku
    Mbesuke, pirsanana ali-ali

    yanna wulandari
    IX f/38

    BalasHapus
  2. RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh saka cahyamu
    pedhut ing sakindering pandulu

    panjenengan
    guruku, sihku, oborku
    kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


    Warda Nafalizza E.
    IX F/36

    BalasHapus
    Balasan
    1. KAHANAN WAYAH ESUK

      Awan kanthi bulak
      Kahanane peteng dhedhet
      Kabeh pada keblowok turu kepati
      Tanpa raga tanpa suara

      Ora wartara suwe
      Wengise wengi sing kumlebat
      Karosane ilang tanpa tilas
      kasentor ublik katon gagah

      Sapungkure iku
      Ngundhang etan gedhe, ngancik wayah esuk
      Kawiyak sunaring srengenge
      Surya ngrembaka maneh

      Kabeh pada tangi
      Kabeh pada bungah
      Kabeh kewan sumringah
      Kembang-kembang semburat maneh


      SAKA
      M. Khoirunnas
      IX F/24

      Hapus
  3. Sang Pembuka Ati

    Allah Sing Maha Agung
    Panggone gawe njalok
    Panjenengan iku Penciptaku
    Pencita bumi, lan isine
    Ngelewati cobaan-Mu
    Garai ati merinding

    Ya Allah…
    Ambekan ku nyambung-nyambung
    Iringanne mudun mungga
    Meski jaman mitesi kula
    Karo cakaran sing tajem
    Kula wedhi ya Allah..

    Ya Rahman..
    Peremuan iku tujuanku
    Misale maut gawe ajal kula
    Kula rela awak iki di cabut
    Karo sewu pedang utawa
    Cabutan sing dahsyat

    Ya Allah, Ya Rahman….
    Njero atiku njalok
    Njero atiku ngomong
    Astaufirullah..
    Bukakno lawang atiku

    Saka
    UMAR JAUHARI
    IXF/34
    01-004-221-4

    BalasHapus
  4. Tugas geguritan 9F "KELOMPOK 3"

    Mega Nusantara
    9F/21

    BABAD WEDHI PASISIR

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    pinaes ganda aruming mawar
    rarasing riris dhadha kumesar




    Mirtha Irmalia A.
    9F/22

    UDAN WAYAH SORE

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu




    Rahmawati
    9F/27

    KAHANAN WAYAH ISUK

    Nalika srengenge ngintip ing sisih wetan
    Siap-siap nglaksanakake tugas madhangi jagad raya kang agung
    Nggantekake rembulan sing wus ilang
    Swara manuk padha sesautan gawe rame kahanan isuk

    Tetes-tetes banyu embun isih kadeleng ing ndukuring godhong
    Angin sumrebak krasa ing kulit
    Kembang-kembang padha mesem
    Kaya-kaya atine bungah ndeleng kahanan kang endah

    Aku ngadeg jejeg
    Ndeleng kaendahan alam ing wayah isuk
    Ing jero ati aku ngendikan
    Elok tenan ciptaan Hyang Agung

    BalasHapus
  5. Raka Leon D.
    9F/28

    NALIKA SEPI

    pasuryanmu sing bening
    tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
    saya suwe tansaya adoh
    ninggalake sepi

    tan ana sabawa gumrisiking alang alang
    aku mung bisa nyawang
    pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
    nganti datan katon kasaput pedut


    Rekha Meiskewati D.
    9F/29

    DALAN OMBAK

    Wus dak jaluk marang sliramu
    Tatkalane wektu isih watu
    Lan dalan kaya ombak segara
    Nanging panjalukku
    Kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
    Kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
    Sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
    Ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
    Lan penjalukku, kanthi uthuk-uthuk kang sirna
    Tatkalane sura mencorong, pratanda dina wus rina




    Reza Ardiansyah
    9F/30

    IBU

    Tresna asihmu agawe bungah
    Khilaf sing dak lakoni
    Ora niat nglarani atimu

    Tresna mu ora peduli wektu
    Asihmu nyadarake aku
    Ora ana sing luwih sak liyane ibu..

    Ibu..
    Apa bisa aku ngebales?
    Kabeh keikhlasan saka Ibu
    Mesiyo, kadang aku lali

    Ibu...
    Ridhamu nuntun dalanku
    Nerangi langkahku
    manuju surga ing sikilmu

    BalasHapus
  6. Wahyu Andika H.
    9F/35

    PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?




    Warda Nafalizza E.
    9F/36

    RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh saka cahyamu
    pedhut ing sakindering pandulu

    panjenengan
    guruku, sihku, oborku
    kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati




    Widya Kirana
    9F/37

    LINTANG-LINTANG

    lintang-lintang abyor ing tawang
    cumlorot sliweran nalika alihan
    kumleyang mencok ing socamu asihku
    cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    lintang-lintang alihan
    cumlorot telu ana pundhakku
    kawitan lintang abang lintang perang
    kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

    BalasHapus
  7. Tugas Geguritan 9F KELOMPOK 1

    Achmad Saiful I
    9F/01

    Apike Alam

    Ati sing lara dadi waras
    Yen ndeleng apike alm iki
    Pikiran sing lesu dadi tuntas
    Ndeleng ciptaan sing kuasa

    Matur syukur marang Gusti
    Sing wis nyiptakake bumi iki
    Lan saisine
    Kita kudu ngrawat alam iki
    Marang dunya kang luwih apik


    Akromatus Safitri
    9F/02

    Pancasila

    Pancasila iku jiwaku
    Jiwa kang ngleket ing jero atiku
    Jiwa kang nggambarake semangatku
    Jiwa kang murub ngalad-alad
    Ing salumahing bumi kamardikan

    Pancasila iku dharahku
    Dharah kang ngrasuk ing jiwaku
    Dharah kang murubake semangatku
    Saranduning jiwa perjuangan
    Ya jiwa kamardikan

    Nanging kamardikan iki ora bisa
    Diteluake sopo bae
    Karana kamardikan iki
    Saking gusti Allah
    Kasil bangsa kang nresnani wutah getihe

    Jiwa perjuangan
    Kang mili senter ora bisa dibendung sopo bae
    Karana kamardikan kuwi saka Gusti Allah

    Pancasila lan perjuangan
    Pancasila lan kamardikan
    Jiwa sektiku
    Dharah kepahlawananku


    Boy Lucas H
    9F/07

    Petenging Wengi

    Sumribit angin ngelus langit sore
    Manuk sriti bali ing pucuking cemara
    Nganti tekaning wengi ing nyenyet
    Gawang-gawang katon pasuryanmu

    Gawe tambah kekesing angin sore
    Tumlawung rasa kang ngulandara
    Wengi bakal tumeka maneh
    Bareng karo wewayanganmu
    Kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    Lumaku turut petenging lurung
    Bakal gawang-gawang campur mega-mega
    Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?


    Eka Farahdewi
    9F/08

    Ora Bisa Diadohi

    Pingin aku nangis ana ngarepmu supaya kowe ngerti sepiro tresnaku
    Pingin aku ngandani awakmu sing sebenere supaya kowe ngerti sing dak rasakake nganthi saiki
    Aku ra ngerti kenapa aku bisa pingin kowe dadi nggonanku
    Pingin dak dudokake rosoku iki
    Nanging apa kuasaku ?
    Sadar, aku ora pantes nduweni roso iki
    Nanging roso iki ora bisa diadohi

    BalasHapus
  8. Eliza Nabila F
    9F/09

    Lintang Lintang

    Lintang lintang abyor ing tawang
    Cumlorot sliweran nalika alihan
    Kumle yang mencok ing socamu asihku
    Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    Lintang-lintang alihan
    Cumlorot telu ana pundhakku
    Kawitan lintang abang lintang perang
    Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan



    Kriswijanarko
    9F/15

    Ron Garing

    Wengi sansaya atis
    Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    Kang digawa dening angina

    Prasasat tan kendhat
    Anggonku kulak wartaadol prungu
    Ananging isih mamring

    Aku wis pingin cecaketan
    Obormu kang makantar-kantar
    Madhongi jangkar lan jagadku

    Ana ngendi papanmu
    Lelana tapa brata
    Tanpa pawarta tanpa swara

    Aku kadya ron garing
    Kumleyang kabur kanginan
    Ing jagad peteng lelimengan

    Krasa luwih abot
    Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    Mlakuku ora mantep

    Kagubet ribet lan ruwet
    Adoh saka cahyamu
    Pedhut ing sakindering pandulu

    Panjenengan
    Guruku, sihku, oborku
    Kancarana sukmaku sinau bab katresnan
    Sajroning ati


    Lisna Agustin
    9F/16

    Lemah Kauripan

    Ing njero alas peteng
    Icak kita ora bisa diwaca
    Teane sapa dina iki ?

    Gema kenangan wingi
    Dina tinggal iki
    Mek ana penghabisan tok sing kang ngantui

    Kirane isok tak deleng sepisan wae
    Sing tau manis ing ingatan
    Sing tertimbun tangis ing pikiran
    Ing njero alas peteng


    Lufitasari Mujianingsih
    9F/17

    Goncahing Alam

    Sunaring hyang rawi anekseni
    Sampyuhing candra kartikaning tawang
    Nora bisa mratandhani
    Gumlegering bajra erawati
    Samirara ambrastha mayapada
    Mahagiri muntab anelasak wara
    Samodra duka njajah ngare
    Alam tinitah dening gusti
    Tanpa sangsi kathahing pepati
    Janma-janma kang muspra
    Anandhang karma priyangga
    Akari raga
    Jisim katon gumlinting


    M. Krisna Putera
    9F/18

    Ooh … Alam

    Bagusing isuk
    Dibarengi nyanyine manuk
    Lan angin sing isis
    Sing nggawe pikiran
    Dados seger lan tentrem

    Tak leresi bagusing alam
    Dikancani ayune bagaskara
    Sing medal saking pantine
    Kanggo nerangi ndunya

    Tak sawang metu
    Cuma ana sawah sing katon ijo
    Sing nyambut awakku
    Kanggo ngawali dina

    Bungah tenan atiku
    Ndeleng alam sing padha njoged
    Lan semangat
    Dipayungi sinare diwangkara
    Sing gagah prakoso

    Kula sembahken panyuwunanku
    Marang gusti pangeran
    Sing sudi anugrahake bagusing alam
    Kanggo ngramaikake uripku

    BalasHapus
  9. GEGURITAN KELOMPOK 2

    Allan Nury P.
    IXF / 03

    SEPI

    Sepi...
    iki sepine sopo ?
    Kathik onok sepi sepo..

    Langit peteng kagubeng dening mendung
    Tanpa angin tanpa wicara
    Tanpa lagon tanpa gending

    Yen sliramu isih rumongso tresno
    Gunemu bakal dak anti

    Nadyan getir rasangning ati

    Sepi..
    Iki sepine sopo ?
    Kathik ono sepi sepo


    Amalia Nur Hari Yani
    IXF / 04

    RASA RUMANGSA ANGRASAKAKE

    Tumebesing waspa atan kena dibendung
    Ati ajur mundur
    Rasa gumesar abyar
    Ngebaki jaja wong-wong kang rumangsa
    Bisa angrasakake

    Kena-kene
    Bantala rengka padha rusake
    Amung wujud dhewe-dhewe
    Kobong, longsor, sak banjire
    Yen ginagas kudu thukul sabare

    Bumi pertiwi rambepuji
    Pating brengok pating glerik nggegirisi
    Dhawah dinten setu enjing
    Polahing manungsa kadya gabah den interi
    Ora sethithik kanng nemahi pepati
    Kita amung bisa ndonga lan memuji
    Ing ngarsane Gusti
    Kang murbeng dumadi
    Moga-moga Sidoarjo lan Jawa Timur
    Enggal pulih kaya wingi uni


    Anggara Dwi P.B
    IXF / 05

    HYANG

    Hyang..
    Punika kula ingkang sowan
    Tanpa sekar setaman utawi lelabuhan

    Hyang..
    Punika kang putra ingkang sowan
    Simpuh ing koroning ndalem
    Ngaturaken manah kang rinujit
    Ngunjukaken budaya lampahing gesang

    Kang sampun tebih kedarang darang
    Bedaya... beksan... tanpa gamelan

    Hyang..
    Hanamung ngarsa dalem
    Pangenan kula sowan
    Pangenan kang tansah kebak katresnan
    pangenan kang tansah paring kakiyatan


    Aufa alfarisy Adn
    IXF / 06

    BABAD WEDI PASISIR

    Sorene sore jingga
    Wengine wengi biru
    Kembang padhanmesem marang mbulan
    Tangane ngawe-awe sajak kemayu
    Apa hiya iki dayane layang atimu
    Sing jare bakal ditulis kalane ijen
    Lan sendhang mung amping-ampingan jendela
    Sing wengi iki isih panggah binuka ?

    Biyrn aku nate apal gejegmu
    Kepiye nalika bingung ndhendher sagegem geguritan
    Ing lemah suwung pinggire taman
    Ora ketang nbalang liringi sambi mungkur
    Nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    Nutup kudhuping kekembangan

    Iki babad wedhi pasir
    Pinaes ganda aruming mawar
    Rarasing riris dhadha kumesar


    Helwinda Aprilia P
    IXF / 11

    NALIKA UDAN SEPISAN

    Gusti, pawartamu coba dak tampa
    Lelantaran tumetese banyu
    Nalika udan sepisan sore iki
    Bisa dakrasakake larange katresnan
    Kaya dene kapange bumi marang langit

    Ing udan sepisanan iki Gusti
    Coba daksuwak misteri-misteri nugrah-MU
    Kang kimplah-kimplah datan kendhat kaya robe samudra
    Gusti, liwat tetese banyu udan sepisan iki
    Kepingin aku ngumbah tatu-tatu sing saya ngrembaka
    Katut iline jaman kang saya culika

    Dhuh Gusti, ing udan sepisan iki
    Tumetese banyu ngelingake aku
    Marang tumetese waspa bapa-ibu kebak katresnan

    BalasHapus
  10. Iqbal Rizky W.W
    IXF / 12

    UDAN WAYAH SORE

    Udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    Ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pengarep-arep
    Dikaya ngapa lemah wes kebanjur teles

    Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    Lan manuk kepodang colat-colat ana wit gedang
    Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    Tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    Mbok menawa sesuk sore wes ora udan riwis-riwis
    Marakake gawe kekesing ati
    Manuk kepodang wis mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu


    Kemal Tarekh
    IXF / 13

    CERITA SAKA MANCA

    Ing papan sarwa salju
    Aku ngangen-angen lawang gubug binuka
    Ana bedhiyang lan lincah

    Nanging wis kebacut dadi salju
    Guritan apadene kekarepan
    Nglinthing bareng tumiyupe angin
    Nunjem-nunjem dom perih
    Sawadane wengi

    Kangmangka ing ngisor salju
    Pinendhem candhi
    Sing dorong kober kababar inine
    Prasasti


    Khoirun Nisa
    IXF / 14

    SRENGENGE

    Teko ufuk timur kowe njebul
    Semburat srengengemu kuning keabangan
    Madangi dunyoku

    yen kademen kowe angetno awakku
    Yen teles kowe garingno dalanku
    Yen peteng kowe terangi bumiku

    Srengenge..
    Kowe sumber energi
    Sinarmu akeh maknae
    Amarga kowe makhluk urip bisa lestari

    Yen Srengenge ora ana
    Dunyo dadi peteng dedet
    Makhluk urip oora bisa oleh nyawa

    Gusti syukur kula sembahaken
    Tresnamu ora bakal mandek


    Mega Anis F.I
    IXF / 19

    SEDYAKU

    Wis, jeng..
    Aku sumeleh
    nyelehake pangarep-arepku
    Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
    Yen nyatane amung semene
    Cunthele lelakonku

    Pepenginku tansah sumandhing
    Lan nresnani sliramu
    Kudu dak punggel
    Sing luwih wigati, jeng
    Donga lan pangestumu wae
    Tansah mili kanggo aku

    Wis, jeng..
    Aku pamit
    Becik njembaraka pikir
    Nggayuh kabegjan
    Mring ati lan katresnan satuhu
    Tan ora binagi ing liyane
    Sempurna ing geguritan siji


    Mega Aprilianti
    IXF / 20

    IBU

    Tasik biru wite gembel
    Kembang melati onok nek taman
    Ketok ibu ngguyu seneng
    Wajah sumringah koyok rembulan
    Pucuk daku neng utan
    Kembang melur neng pinggir kolam
    Welas ibu koyok segoro
    Gak isok diukur jero banget
    Kembang mekar neng ujung deso
    Wangine sampe nang ati
    Welas ibu welak sejati
    Godong pauh godong kundang
    Godong keuni gowo neng kene
    Walau adoh ibu diiling
    Ibu retune ati
    Undag-undagan malaka undag-undagan watu
    Corak ayu terang rupane
    Ibu jogo sepanjang wektu
    Anak di didik

    BalasHapus
  11. GEGURITAN KELOMPOK 4

    MONICA QUINN
    IXF/23

    SREGEP

    Siji Loro Telu
    Yo kanca-kancaku
    Sing sregep sinau
    Padha golek ilmu
    Loro Telu Papat
    Aja padha telat
    Golek tambah drajat
    Nganti bisa tamat
    Telu Papat Lima
    Kabeh para kanca
    Aja padha sembrana
    Mundhak ora bisa
    Papat Lima Enem
    Padha ngguyu mesem
    Ati bisa ayem
    Ja kakehan gunem
    Lima Enem Pitu
    Kabeh sing bersatu
    Aja padha padu
    Mesti bisa maju

    Novia Ramadhani
    IXF/25

    WAYAH ESUK

    Langit semburat ungu
    Awane awan biru
    Kembang mlati mesam-mesem marang pasuryan
    Ndeleng bumi pertiwi sing endah
    Embun esuk netes-netes
    Sumribit angin ngelus langit
    Lan nyambut pasuryan sing isin-isin
    Manuk cilik nyanyi-nyanyi
    Nambah semarak wayah esuk sing sempurna
    Hawa adem nusuk-nusuk tulang
    Marga pasuryan tasih selimutanawan
    Ikilah kagengan Gusti Allah
    Kagengan sing sempurna lan kudu disyukuri

    Putri Cerciolita S
    IXF/26

    ANGGUNE DESAKU

    Sawah sing ijo kehampar ing palataran
    Gunung ngadeg dhuwur nembus langit
    Di paringi sinar pasuryan esuk ing sisih wetan
    Nambah abagusing alam desaku
    Manuk ngadu sayap ing dirgantara
    Awan putih playonan ing ngudara
    Ora mandeg aku ndelengi
    Hasil gambaran Gusti Allah
    Ora mandeg aku ngucap syukur
    Amarga sang Gusti isih gelem njogo desaku
    Oh Gusti Kang Maha Agung
    Ora bisa aku nggambar manut panggambaran-Mu
    Ora bisa aku nyipta manut panciptaan-Mu
    Dungo lan syukur daksembahaken pada-Mu
    Pujian sing ora mandeg marang indahing alam ciptaan-Mu
    Oh Gusti Kang Maha Kuasa
    Paringi kulo lan alam kulo wiwit keridhoan-Mu
    Sahengga kulo saget njogo lan ora sakpenake dhewe
    Migunaken alam iki
    Lan kulo bisa urip wiwit kabahagiaan ati

    BalasHapus
  12. SALSABILA DWINATA
    IXF/31

    PEPADANG BAKAL TUMEKA

    Angrantu sinambi jumangkah
    Ing dalan kang peteng kebak sandungan
    Mecaki lurung lurung
    Kang dawa satengahing ara-ara samun
    Bumi kang kapidak kebak sinengker
    Anggawa ganda bacin
    Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
    Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    Kanggo kita sami jalma manungsa
    Kang bakal amadhangi lurung-lurung
    Dalan-dalan lan ara-ara samun
    Amadhangi sakendhenging jagat raya
    Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    Mangestu nampi pepadhang

    SHOLAHUDDIN AL AYYUBI
    IXF/32

    BUNGAH

    bungah,
    rasa ati kang sumringah,
    nalika sakloron sedya mring nikah
    bakal binangun ing omah-omah
    wong atuwo padha polah
    duk semana
    katon endah ing panetran
    karasa regeng ing angen-angen
    rinonce ing kembang-kembang
    katon gampang
    opo yo ngono?
    ora gampang ambangun bebrayan
    ojo digawe mumet, merga butuh beras liniwet
    ojo digawe sembrana, merga mesthi akeh godha
    eling,
    donya iki wis miring
    kabeh kudu padha eling
    eling marang pepeling

    ULLQY RIZKY K
    IXF/33

    WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

    Rong puluh tahun kepungkur aku
    Lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
    Saklawase ora nate ketemu
    Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen Nalika isih tak kanthi
    Gandaning wengi mau isih sumrebak
    Ngebaki pedut wayah esuk
    Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
    Wus pirang wayah ketiga tak lakoni
    Nganti rambut warna ireng lan putih
    Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
    Ana cerita rinajut endah
    Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
    Pirsanana ana nduwur kae
    Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
    Lan lintang panjer wengi sing isih kari
    Sakmenir gedhene
    Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
    Simpenen kangenmu ana impen

    BalasHapus
  13. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  14. nama : sholahuddin al ayyubi
    kelas : 9f
    absen : 32

    Sepadang Sang Surya Isuk

    mandang angkasa sing apik
    ngenikmati ciptaan Kang Maha Murah
    ngucapkake syukur ngehias ilat
    ngeharap bisa selalu tearah

    terik sang surya ing wektu isuk
    ngehibur ati kang sepi

    ku neharapake atiku bisa secerah sang surya
    sing bisa ngenenangno ati-ati sing sunyi
    ngetangikake jiwa-jiwa sing sepi
    ngeraih ridho Ilahi

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming