Minggu, 26 Februari 2012

9d, spendabaya 2011- 2012 .




PERSUADEN
PERSEKUTUAN AREK “D” ENDAH , Wali kelase Bu Lianawati guru matematika ngrangkep menteri koperasi amarga, yen arek-arek butuh apa wae kebutuhan sekolah mesthi menyang Bu Liana iki.
Jenenge kanca-kancaku pancen en'D"ah tenan, jo lali karo aku yo
FAIZOL,FAIZ,AFRIZAH,AJENG,ANDI,ARDITA,ARYO,ASTRI,CAHYA D, CAHYA M, DIANA,DITA,FIDYA,GURUH,HANDIKA,ILHAM,YUSUF,MAULANA,NADIA,NOVA,AJI,PUTRI,QONITA,ANGGA,ADI,RAHAYU,RAMA,REZIANI,RIFKI,DANA,ROOSA,SANTI,SEAN,LITA,SINDY,WAHYU ANGGI,WAHYU NIZAR,WIMPI

31 komentar:

  1. Satriyo Ngelmu

    Lakumu tanpa panjaluk..
    Dudu kang gagah pidegsa..
    Amung ubet-mubet tumantal..
    Dudu kang kaserat asma..


    Adum ngelmu..
    Binabar sumebar..
    Dudu Ancas bandha..
    Dudu karo sapa tangan kang ora sayah jejeg aneng dhuwur..
    Ati suci kang ikhlas..


    Isi ngelmu..
    Obah lah micara dadi patuladhan..
    Haiya ngelmu mumpangat nusa bangsa kalawan agama..


    Adoh ing tindak awon..
    patuladhan kanggo kang putra..
    SATRIYO..
    SATRIYO..
    SATRIYO..
    Satriyo ngelmu katitik ing jiwamu..
    OOHH GURUKU.:-) , :)


    CAHYA DEWI ANISAH.
    IX-DHE/09

    BalasHapus
  2. BUSANANING RAGA

    Busananing raga sing paling utama
    dudu akehing bandha abyoring sesotya
    pedah apa raga binungkus busana adi
    yen jroning jiwa kebak leletheking busi adhi....

    prayaga amarsudi ayuning budi
    budi ayu, becik wicara lan pakarti
    busananing raga sing banget edi
    gumebyar amranani sapepadhaning janma

    nadyan sumbere ing jeroning raga
    bandha lan abyoring sesotya busana njaba
    sing endahe mung kadulu netra
    ayuning budi badha abyoring sesotya manunggal luwih sampurna.

    DITA AULIA FAJRIN 9-D 12

    BalasHapus
  3. AKU.

    Aku dudu kowe..
    Kowe dudu aku..
    Lakuku dudu lakumu..
    Karepku dudu karepmu..
    Yen aku lungguh..
    kowe ora perlu aruh-aruh..



    Merga kursimu empuk hinak-hinuk..
    Kowe mung tungguk thuthuk..
    Nanging yen duwekmu ya duwekku..
    Ya iku mau AKU ..:-D , :D ,:)


    CAHYA MAULIDA HUTAMI.
    IX-DHE/10

    BalasHapus
  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  5. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  6. Nadya Adistya Susanto 9d 19

    Amung Ngimpi ?

    Dara-dara abur-aburan, age menclok ing kekayon
    Kekablak swiwi sakloron nguber sing wadon
    Rebut dhucung sinartan esem
    Sarimbit pepasihan katon marem

    Meri rasaku
    Rinujit atiku
    Gek ya kapan baya
    Bisa ngrasakake kang padha

    Sliramu lan sliraku
    Amung kaya mega lan maruta
    Reruntungan gegandengan
    Tetulungan sartan sinartan

    Ah,
    Impen tansah kekiter
    Kaelus tresnasih lumer
    Ngruket salira gagah prakosa
    Ambyur lelumban ing jagading tresna

    Kebak geter pater jroning ati
    Nyawiji
    Tan kena cinandhet
    Keli jroning lali

    BalasHapus
  7. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  8. KOWE

    Kowe sing kucu
    Bagus yen mesem ngguyu
    Dadi Mitraku
    Setya tuhu

    Ndina-ndina ngancani
    Ora gelem ngrusuhi
    Rina wengi dadi ati
    Kadya adhi tak tresnani

    Aku sinau, kowe meulu
    Aku dolanan
    Aku sekolah setya tuhu ngenteni

    Kowe
    Sing ayu
    Sing lucu
    Agawe seneng atiku

    BalasHapus
  9. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  10. CIDRO ING KATRESNAN

    kangmas...
    Tak tulis nang layang iki...

    Naliko langit kebak mendung
    Gawang - gawang katon lelakon kang wis kepungkur...

    Naliko ndak sawang netramu ing angan-angenku katon nyoto lelakonmu...
    Laras pipimu katon merak ati ananging iki mung ana ngimpiku...


    Hemmm...achhh.. nanging ora mas...

    Jebul tresnamu cethek koyo kali...
    Ringkih koyo kayu gapuk...


    Aku wis ora nduwe pengarep arep maneh mas.... :oops:


    diana rahima 9d/11

    BalasHapus
  11. Guruku
    Ragamu ngawang anapun khayangan
    Tindak ing pun bumi kagem kemulyaan
    Tandha slira ragamu dumatheng ngasta kepastian ing ngarsa
    Apa ajeng kedaden?
    Pinuturmu ora dimirengake
    Sabar-sabar terlis kaguman atimu
    Ngarubah murid Indonesia dadi
    Putra-putri kang kaguman
    Guruku . . .
    Sabarmu terus dumatheng
    Kaya serdadu kumbang
    Tanpa krasa kesel
    Mlayu ngajari ilmu

    Oh . . . guruku . . .

    Qonitah Rachmawati IXD/23

    BalasHapus
  12. Panguripan

    Aja berkhayal lan sok ngira-ira
    Kabeh wis tinakdire
    Manungsa mung setiyar,
    Gusti sing nentoake
    Sing tenang, sabar, lan wicaksana
    Supaya aslie bisa maksimal
    Ilangno rasa cubi cubiya lan lara ati
    Akeh kanca, ugah akeh senenge
    Waton berfikir positif
    Sing kedadeyan
    Kabeh dijupukhikmane
    Kara sarasane di jaga lan golek hiburan
    Supaya sanggane ora krasa abot
    Urip iku di lakoni kathi telu
    Santai, serius, lan sukses
    Kliwat ngaya makantar-kantar
    Malah nyiksa awake dhewe
    Sing penting njaga keharmonisan
    Lan wutuhe kaluarga
    Rahayu Wahyu Ningsih IXD/26

    BalasHapus
  13. Ibuku

    Ing ngisor dirgantara
    Urip ing alam jagad raya
    Enten apsari
    Jenenge ibu ku . . .
    Dhewekw dhuweni juwita
    Nangeng among karra
    Pitutur sing ala ora pantes di tuladhani
    Panuntun sing apik kudune dilakoni
    Sang juwita nyuwun pangapura
    Maang biyung kang manis aseme
    Mugi-mugi peparingan ganjaran
    Saka hyang Agung kita
    Ibuku . . .
    Jembar segarane
    Becik bebudhine
    Nova Yunisari IXD/20

    BalasHapus
  14. jeneng > rifta angga f
    no absen> 24

    UDAN WAYAH SORE

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu ***

    BalasHapus
  15. SAWAH (kekarepan)

    Belok sek nutupi esuk
    Suket dikancani embon
    Ing lading pari
    Ing mburine bukit

    Akeh manuk miber
    Melangkah ing panggonan sing adoh
    Angin semilir-semilir
    Adem lan ayem rasane

    Melangkah saking gubuk ing sawah
    Wong tuwo lanang mikul pacul
    Mbalekno lemah sing gembur
    Wong wedok nggowo bakul

    Ndekek sego ing pinggir sawah
    Kanggo ngenteni sawah sampek kuning
    Ngenteni wangine miji-mijine pari
    Ngenteni setitik kekarepan


    Wahyu anggi IX Dhe/36

    BalasHapus
  16. AFRIZAH R. 9D 03

    SRENGENGE

    wit klopo katon ngawe-ngawe
    byak-byuk-byak banyu nembang
    aba-aba dino wes entek
    prasasat ora pengen entek

    ing wayah sore
    ora ono sing ngalehake sliramu
    wernamu seng endah....
    oh srengenge......

    BalasHapus
  17. Aryo Bramantyo 9Dhe 07

    DALAN NUJU TOBAT

    aku lair
    ing kahanan suci lan tanpa duso
    kaya kertas putih ora ana tintane

    sak jek.e aku urip ing ndunyo iki
    aku wis salah milih
    antarane sing apik lan sing elek
    kaya-kaya duso iki
    dioser-oseri ing awakku

    duso sing sengaja
    sanajan ora kasengaja
    kaya-kaya pada ing ngarep-Mu

    duh gusti
    pean paringi pitedah margi ing kang leres
    pean tebih aken margi ing kang kesasar

    BalasHapus
  18. Ajeng Alif Destarani 9Dhe 04

    KANCA BANGSA

    Kowe ....
    Mlakui dalan setapak
    Kanggo janji abang putih
    Kanggo kobar jiwa jati

    Tetesno getih
    Lengkapno catu
    Nderekake perang
    Kanggo bangsa kang tresno

    Kanca ....
    Sijikno ati
    Kobarno semangat
    Lambungno drijimu
    Kanggo tuturaken pribadine bangsa
    Kanggo kibarno abang putih
    Tandane wani lan suci
    Kanggo mertahankake hak bangsa
    Kanggo ngadek ora turu
    Kanggo nerangkake tekan petenging selimut

    Kowe ....
    Persatuan lan Kesatuan bangsa
    Pandengan kang wani
    Guyu nanging lara
    Semangat ora ngerti mandeg
    Ngorbankake marang wektu
    Ora peduli marang awake dewe

    Getih pating tinetes
    Ilang ing peperangan
    Jantung ora deg-degan
    Ora ambegan
    Awak lemes tuturkaken peperangan
    Kanggo guyu
    Kanggo abang putih kang tresna
    Amarga kowe KANCA BANGSA :*

    BalasHapus
  19. Handika Putra Wijaya IXD/15

    Ibu


    Ibu.....
    Kuwi wanita kang ngelahirake aku
    Ngramut aku
    Nggedeake aku
    Ngajari aku
    Nganti aku dewasa

    Ibu.....
    Kuwi wanita kang mesthi siaga nalika aku jrone elusan
    Nalika sikil-sikilku durung kuat kanggo ngadeg
    Nalika wetengku luwe lan ngelak
    Nalika aku tangi ing wayah esuk , awan , lan wengi

    Ibu.....
    Mung donga kang bisa tak aturake marang ibu
    Amarga labuh panjenengan
    Tanpa bisa kewales
    Mung tangisku kanggo saksi
    Saka rasa tresnaku marang Ibu

    BalasHapus
  20. DUNGO KANGGO BIYUNG

    panjenengan sing maringi kulo urip...
    panjenengan sing maringi katresnoan...
    sak tuluse tresnamu...
    putihe kasihmu...
    ora ono sing bisa mbales...
    anget ing rangkulanmu...
    wenehi kulo ketenangan...
    erate pelukanmu...
    nikmate belaianmu...
    ora bakal dak lalekake

    duh biyung matur suwun sanget...
    kanggo katresnanan sing ora tau mari...
    tulus tresnamu...
    ora bakal iso dak bales...

    biyung mugi-mugi gusti allah maringi kebahagiaan ing uripmu...
    putih trsenamu bakal abadi ing uripku

    CAHYA DEWI ANISAH
    9D/09

    BalasHapus
  21. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  22. PERIH ING KENE

    biyen tau enek tresna
    biyen tau enek rasa
    tp saiki gak enek rasa koyo biyen

    saiki gak enek tresna
    tresnaku wes musnah
    rusak atiku wes kowe larani perasaanku

    jarno aku lunga
    ojo kowe takon maneh
    aku yakin iki seng paling apik gawe kowe lan aku

    jarno ilang
    rasa tresna iki ing ati
    aku ora isa nahan
    aku perih ing kene

    ARDITA RACHMAWATI 9D 06

    BalasHapus
  23. IBU

    15 taun sing lewat
    aku lair ing dunya iki
    kanggo ngawali uripku

    isih eleng ing benakku
    nalika aku isih cilik
    sampeyan mesti manjaake aku
    ngancani aku turu
    lan mbacaake dongeng kanggo aku

    IBU,,
    sampeyan rawat aku
    tulus saka atimu
    tanpa ngarepake imbalan

    oh IBU,,,
    atimu bak belantara sing ijo
    sing kagelar lembut kanggo aku
    nglepasake kesel lan panderitaan
    ngewenehi asih lan tresna

    oh IBU
    sampeyan mentari lan rembulanku
    sing ngawal dalanku
    nggoleki dalan surga
    ing telapak sikilmu

    oh GUSTI kang maha agung
    mung siji panjaukku
    yaiku kabahagiaan kanggo IBU ku :) :)

    SINDY IRVANA 9D-35

    BalasHapus
  24. Nadya Susanto 9D-19

    Pahlawanku

    Kowe sang pahlawan
    Pahlawan bangsa kang berjasa
    Berjasa kangge masyarakat
    Lan berjasa kangge negoro

    Tapi kowe saiki wes tilar dunya
    Mung jasamu sing di kenang
    Mung semangatmu sing di conto
    Lan perjuanganmu sing di abadikno

    Arek nom nom saiki kudu koyo kowe
    Pahlawan tanpa tanda jasa
    Pahlawan kang abdi guna
    Kanggo negoro dewe

    BalasHapus
  25. IDOLAKU

    oh..idolaku
    awakmu duku
    wajahmu ganteng
    kulitmu putih
    budimu apik

    oh...idolaku
    aku kesesem karo awakmu
    tapi, kapan aku bisa ketemu karo awakmu
    kapan...kapan..
    awakmu ing korea ,aku ing indonesia

    oh.. idolaku
    kau dadi inspirasiku
    kau ingin terbang sampe biso
    nyusul awakmu...
    ing negeri gingseng ,korea selatan ..

    oh idolaku
    andaikan aku ketemu
    karo awakmu
    aku kepingin foto
    lan meluk awakmu

    nb: sarangheo lee min hoo
    najohaheyo lee min hoo
    bogosipho oh my idol

    kamsahamnida ireneun roosa surya rismaya imnida klas9d 31

    BalasHapus
  26. Kaendahan Alam

    Srengenge esuk
    Kumencar kuning keemasan
    Sugeng esuk
    Kangge mbukak dina niki

    Langit mbukak lawang kecerahan
    Langit sumilak biru
    Srengenge mumbul dhuwur
    Manuk-manuk jejogedan lan ngoceh

    Wit-wit sunigrak godhong
    Gunung julang dhuwur
    Angin-angin ngembus kenceng
    Ngosak-ngasik rikmaku niki

    Kaendahan Alam bisa dideleng
    Kaya endahe alam niki
    Kaendahan Alam bisa dikrunguake
    Kaya ombak ing Samudra
    Kaendahan Alam bisa dirasaake
    Dirasaake teko ing jroning ati

    Kaendahan Alam
    Memang endah banget
    Atiku dadi sumringah

    Kula maturaken matur suwun
    Dongaku Kangge Panjenegan
    Pencipta isi niki kabeh
    Yaiku Tuhan Sang Pencipta Alam


    Achmad Faiz Fathoni IX-D (02)

    BalasHapus
  27. RIFKI RUFAIDAH 9D 29

    BANJIR

    langit kelem
    awan ireng nyelimuti bengi
    ambegan ing angan-angan
    turu ing pmgkuan

    petir menyambar
    angin miberaken wit-wit ing tengah jalan
    gubuk-gubuk podo roboh

    wong-wong jerat-jerit lan mlayu pontang panting
    amarga onok banjir bandang ..

    BalasHapus
  28. Biyung

    uwong sing mesti ing sebelah kuh
    tanpa biyung aku ora bisa opo opo
    biyung bageknoh malaikat sing mesti ngelindungi aku

    biyung jasamu mesti tak eleng
    jasamu sing mok bageknoh akuh ora onok bates'e
    aku ora bakalan gawe biyung nangis

    Biyung,, aku janji bakalan gawe biyung seneng
    amin :)

    BalasHapus
  29. isuk sing padang

    bengi ganti isuk
    srengenge nangik akeh tekan cendelo
    manuk manuk ngoceh lan jejogetan, nangik akeh akuh

    uadara sing seger gawe akuh semangat
    semangat gwe tangi lan ngelakok akeh aktivitas
    Ya ALLAH, kulo matur nuwon sanget biso ngerasak akeh isuk sing seger iki

    BalasHapus
  30. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  31. Pahlawanku

    Jiwa raga bela bumi nuswantara
    Teka kuku-kuku penjajah landa
    Dahuru ing pabaratan
    Ora oleh ana sing kasoran

    Pedunung kudu diembani
    Kabeh kudu tangi
    Kanggo ngucapke
    Kata merdeka semesthine

    M.Ilham Dika M.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming