Rabu, 29 Februari 2012

ya iki kelas 9hiphiphura



Ya iki kelas 9hiphiphura 
Kelas 9h iku panggone ing kidule ruang iso (sebelahe kelas 9g). kelas 9h iku terkenal karo bocah-bocahe sing pinter-pinter , kreatif-kreatif, lan manut-manut marang guru-guru. Wali kelase yaiku bu soemarilien ngajar basa inggris. Jeneng lengkape Sri Soemarilien. Bu lien iku wonge apikan , disiplin, sabar , lan lucu uga nggatekke bocah-bocahe.
Abu bakar, akbar rizky, amanda,angga septio,angga yudha, ayu fitria, azolla, bram, devi, dian, diaz, ervina, ferrico, firza, gadis, gerry, gilang, hafidz, hana, hanifah, ilham, indy, jefry, rizaldi, maisaroh, melly, farid , farhan, novita, lia, salma, satryo, widya, winda, yeni, lan zainal

33 komentar:

  1. NALIKA SEPI ….

    pasuryanmu sing bening
    tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
    saya suwe tansaya adoh
    ninggalake sepi

    tan ana sabawa gumrisiking alang alang
    aku mung bisa nyawang
    pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
    nganti datan katon kasaput pedut *

    BalasHapus
  2. Biyung

    Biyung matur nuwun sanget
    Tresna asihmu marang kula
    Gedhe lan tulus

    Biyung kang kula tresnani…
    Biyung kang kula hormati…
    matur nuwun sanget
    Kula ngaturaken puji marang panjenengan
    Sing tak tresnani

    Mugi mugi panjenengan panjng umure
    Biyung kula mboten saget ngaturi napa-napa
    Nanging kula aturaken donga kemawon.


    Nama :Maisaroh
    Kelas:9H
    No :25

    BalasHapus
  3. PERJUANGAN BANGSA

    Wektu iku…
    Bumiku bergolak, bumiku berkecamuk, tanah bangsaku
    kaya lautan sing kalumuran getih
    Para kusuma bangsa wis terkoyak ing medan perang

    Negeriku kekikis..
    Negeriku keiris..
    Negeriku kecabik-cabik karo ganase kompeni Walanda

    Nanging pahlawanku tetep bangkit…
    Tetep berjuwang kanggo berkibare merah putih
    Pahlawanku ora mati..
    Pahlawanku isih tegar meski langkah wis ora pasti

    Berbekal tombak saka pring lan parang ..
    Pahlawanku tetep berjuang..
    Berjuang demi Indonesia
    Demi kanurmatan bangsa iki
    Demi.. tanah air Jaya Sakti

    GadisAyuP / 9H / 15

    BalasHapus
  4. TEMA:PENDIDIKAN
    IRAH IRAHANE:LINTANG KERLAP - KERLIP KOYOK KONANG

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Padhang bulan donya katon jingglang
    Lunggung jigrang nyawang langit ngitung utang
    Kelingan murid tukulan klopo mung katon ayang-ayang

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Wiwit durung duwe isin nganti wus doyan sambel tumpang
    Turunane hawa kang tansah gawe pikiran padhang
    Dadi konco ngomong ing Mas Kumambang
    Dadi konco sepedahan ing pamenang
    Dadi konco lesehan nggletak ing bayang
    Dadi konco sinau kang tansah gawe ati tenang

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Guru lan murid nggone sesambungan mung saka awang-awang
    Bedane umur lan resike ati kang dadi jurang
    Iku kabeh lakone guru kang ora bisa nyawang

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Sawuse murid lungguh kaapit gagarmayang
    Guru kaya wayang kulit kang gapite ilang
    Males tumandang bisane mung sangga uwang
    Pikirane nggrayang ono ing awang-awang
    Mesam-mesem mabur bareng kakehan ngunjuk kontul jigrang

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Kelingan murid agawe Ati rasane kaya dirajang -rajang
    Amargo ngendheg netese luh ing netra ora kuwagang

    Lintang kerlap-kerlip koyok konang
    Yen eling iku lakon kang digawe marang sing gawe awan
    Kang kudu ditrima kanti ati padhang
    Mendah senengi guru yen murid uripe katon sinawang


    ANGGA SEPTIO WIBISONO / 9H / 04

    BalasHapus
  5. Panjenengan Ninggali Waspa :(

    Ing tengah wengi ingkang sepi, sunyi lan hening
    sakala kulo renungake sepi
    ku eling sampeyan sedoyo ing mimpi

    sakala sampeyan teko
    sampeyan ngajur ake griya kulo
    neggelam ake kota kulo mengko

    jagad kulo ajur oleh kebringasane banyu bah
    ingkang datang ora pamit
    getun kulo dadi derai waspa

    sampeyan sedoyo bongko
    mboten wonten ingkang sampeyan tinggal ake, kecuali
    waspa belihangan :(


    Salma Putri K/ 9H/ 31

    BalasHapus
  6. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  7. Papeling

    Senajan aku saka deso
    Adhoh saka kutho
    Nanging aku ora tido-tido
    Kanggo nggayuh majune nusa bangsa

    Aku bakal cancut tali wandha
    Ngucit barang kang ora ado
    Murih dadine raharjaning sariro

    Tansah eling mring pepeling
    Gusti ora sare
    Mulo tu mulo,kowe kabeh manungso
    Podho elingo mring moho kuwoso

    Meliyana Kristiana
    9h/26

    BalasHapus
  8. Endahe kekancan

    Mboten wonten mutiara sewening cinta
    Mboten wonten sutra sealus asih sayang
    Mboten wonten embun sesuci ketulusane ati
    Lan mboten wonten pasangan se endah ke kancan

    Kekancan mboten,
    Matematika ingkang angsal di wilang ake jumlahe
    Ekonomi ingkang angsal di harap ake materine
    Ppkn ingkang di tuntut saka undang-undang

    Ning,
    Kekancan yaiku sejarah ingkang angsal di kenang sepanjang masa

    M. Rizaldi Wiratama
    9H
    26

    BalasHapus
  9. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  10. Kangen kulo ing alas


    Kangen kulo ing alas
    Ngerasa ake sejuke alas
    Deleng ake rimbune dedaunan
    Ijone dedaunne

    Kangen kulo ing alas
    Ngideki suket-sukette
    Ngerungok ake kicauane manuk
    Mbengok ane lutung
    Aumane macan
    Kelincahane kidang
    Utawa ula sing melata

    Kangenne kulo ing alas
    Kangenne keuripan

    Dian Paramitha Anggraeni S
    9H
    10

    BalasHapus
  11. Endahe kekancan

    Mboten wonten mutiara sewening cinta
    Mboten wonten sutra sealus asih sayang
    Mboten wonten embun sesuci ketulusane ati
    Lan mboten wonten pasangan se endah ke kancan

    Kekancan mboten,
    Matematika ingkang angsal di wilang ake jumlahe
    Ekonomi ingkang angsal di harap ake materine
    Ppkn ingkang di tuntut saka undang-undang

    Ning,
    Kekancan yaiku sejarah ingkang angsal di kenang sepanjang masa

    M. Rizaldi Wiratama
    9H
    24

    BalasHapus
  12. LINTANG-LINTANG

    lintang-lintang abyor ing tawang
    cumlorot sliweran nalika alihan
    kumleyang mencok ing socamu asihku
    cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    lintang-lintang alihan
    cumlorot telu ana pundhakku
    kawitan lintang abang lintang perang
    kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

    Firza Fanisa
    IX-H
    14

    BalasHapus
    Balasan
    1. misi yah, ini dari internet yah

      Hapus
  13. DALAN OMBAK

    Wus dakjaluk marang slirahmu
    tatkalane wektu isih watu
    lan dalan kayak ombak segara

    nanging penjalukku..
    kaya prenjak kang katombak swiwine
    ilang sangar slirahmu uga isih lumaku

    ing gisik kang wus dadi ambalan
    ngambali ati ing pangilon ngambali pitakon
    lan penjaluku

    kanthi unthuk-unthuk kang sirna
    tatkalane surya mencorong
    pratanda dina wus rina

    BalasHapus
  14. Petenge Wengi

    Suasana saben wengi ing ndeso
    Sing ono mung suasana sepi mamring
    Lan dalanan katon peteng dedet
    Ora ana wong lan kendaraan sumliwer
    Utawa swara rame liyane

    Kadang yo krungu swara jangkrik ngerik
    Utawa swara kodok sing saut-sautan
    Sing biasane tak umpamakake
    Kaya swara gamelan

    Saya wengi angine saya adem
    Ndadeake awak mrinding
    Aku rumangsa saya wedi
    Krungu swara kewan-kewan mau
    Awakku tambah ora isok turu
    Nganti para esuk


    Ayu Fitria
    9 H / 06

    BalasHapus
  15. PETENGING WENGI
    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu
    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi
    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?



    BRAM DWI RAHMAWAN
    9H/08

    BalasHapus
  16. Cerita Saka Manca

    Ing papan sarwa salju
    Aku ngangen-angen lawang gubug binuka
    Ana bedhiyang lan lincak

    Nanging wis kebacut dadi salju
    Guritan apadene kekarepan
    Nglinthing bareng tumiyupe angin
    Nunjem-nunjem dom perih
    Sadawane wengi

    Kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
    Sing durung kober kababar unine prasasti


    Novita Anggun Dwi P.
    9H/29

    BalasHapus
  17. Malem Ganjil

    Kabeh padha manekung ing punjering urip
    Embuh apa sing diucapake sajroning ati
    Malem ganjil, sing dadi seksining alam
    Aja selak apa kandhane suwara-suwara

    Pilih sugih apa mlarat, pilih luwe apa wareg
    Pilih susah apa mulya, pilih ayu apa ala
    Pilih pangkat apa derajat, pilih mati apa urip
    Pilih donya apa akherat

    Kabeh suwara-suwara keprungu ing langit
    Ora ana kang bisa nutup-nutupi
    Ora ana kang ngalang-alangi
    Ora ana sing nggandholi

    Ngucapa, ngucapa, ngucapa
    Jujura, jujura, jujura
    Elinga, elinga, elinga
    Sapa sejatine sira


    Ilham Fryzendio J.
    9H/21

    BalasHapus
  18. MASJID


    Panggonan manungsa muja marang Gusti
    Panggonan nganda larane ati
    Yen bengi,
    Yen wis sepi,
    Wonten dzikir ing jero ati

    Yen srengenge arep jedul
    Lan pitek pada sautan
    Yen wulan lan bintang isih ana
    Lan langit isih peteng

    Adzan subuh nggugahake jiwa
    Ngajak gawe nlakoni kawajiban
    Sagalintir wong tindak Masjid
    Sholat bareng marang Gusti

    BalasHapus
  19. Kaya Kucing

    Dhewekan ing tengah kota
    Kaya kucing mider-mider
    Mung mondar-mandir nganti adoh
    Tekan pojok, nganti pojok

    Dhewekan ing pinggir dalan
    Kaya kucing kesasar
    Nang tengah petengan
    Sing ora ana pucuke

    Dhewekan aku, susah aku
    Ora duwe kanca
    Ora duwe dulur
    Dhewekan aku, susah aku
    Ora saged apa-apa, mung bisa ngimpi

    Hafidz Fazlur r
    9H/18

    BalasHapus
  20. Merapi


    Awan petheng mbumbung mbentuk formasi
    Hawa panas wis nyeseki ati
    Genih wis kathon mulak - mulak
    Abu Merapi wis nyelimuti alas bumi

    Manungsa padha mlayu kaya anai - anai sing padha miber bareng
    Padha njerit njaluk pitulungan
    Nanging lava Merapi wis padha tumpah
    Lahar Merapi wis nyapu alas bumi

    Merapi wis ngamuk lan ngancurake duniya fana iki
    Manungsa padha guling koming nyeselake sikape
    Sujud sembah marang sang Khalik dumatheng saben kelepatan sing wis ditindhakake

    Hanifah W.
    9H/20

    BalasHapus
  21. Sliramu

    Ngiling sliramu iku gampang banget
    Yen kanggo nglaleak sliramu iku mustahil
    Sliramu iku bagian saka uripku
    Rupamu iku nafasku

    Sewu Negara wes tak samperi
    Sewu ati tak takoni
    Pirang-pirang taun aku ngenteni
    Mung kanggo sliramu sak nomer

    Wes tak coba. . .
    Nglaleake . . .
    Sliramu saka atiku
    Tapi malah q kesiksa saka njruning ati

    Mung sliramu sing isa kaya ngene
    Satemene aku ora ngapusi
    Isih trisna marang sliramu
    Sak teruse trisna marang sliramu

    Umpamane . . .
    Kowe wes mulya
    Lila aku lila marang sliramu
    Sak teruse aku lila marang sliramu

    Cumin siji sing dadi panyuwunku
    Aku pingin ketemu sliramu
    Senajan cuman ndeleng saka langit
    Kanggo tombo kangen njroning dada

    Moch.Farid.H/9H/27

    BalasHapus
  22. Sliramu


    Tumetesing Eluh mu ora biso
    Netesake atiku wis
    sikilku kang wus jumangkah
    tanpo swara

    yen pucuking atiku wus rinujit dening janji...
    kang ora tak mangerteni
    Banjur Sopo...????
    Pitakon kuwi kang ora kendat
    ono ing telengin kupingku..

    pancen....
    aku wus nglirwakake sliramu soko atiku..
    Ananging ngertio Cah Ayu....
    Yen iku lumaku tanpo Tumuju
    PenggayuhMu lintang kang sumunar.....

    lan aku ora bakal biso nyembadani...

    ngertio Nduk cah ayu...
    Yen roso tresno Iki...
    tak buntel rapet no ing sak pengarep Mu

    nadyan eluh mu tumetes...
    ngetung sak dawaning wengi...



    nama:akbar rizqi
    no :02
    kelas:9h

    BalasHapus
  23. UDAN WAYAH SORE


    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu



    jeneng : Angga Yudha Satria
    kelas : 9 h
    nomer : 05

    BalasHapus
  24. Rama

    Rama...
    Panjenengan panutan kula
    Panjenengan ingkang mimpin kaluarga
    Lan panjenengan imam kangge kula lan biyung

    Rama...
    Ora pedhuli wektu
    Enjing dhalu panjenengan siram riwe
    Kaya rah sing mili saking raga

    Rama...
    Nalika sedih, gerah
    Panjenengan gumanti klawan guyu
    Panjenengan nutupi sedaya rasa sengsara

    Gusti Allah...
    Matur sembah nuwun sanget
    Panjenengan ngaturaken rama sing sempurna
    Kangge kula, kangge biyung kula, lan kangge sedaya keluarga kula

    Indy Nelazulfa
    9H/22
    "Pak sepurane yen ora nyambung!"

    BalasHapus
  25. "Sanajan Aku"

    Sanajan aku pinter,
    Aku ora bakal kuminter.
    Sanajan aku sugih,
    Aku ora bakal pamer bandha donya.
    Sanajan aku bagas waras,
    Aku ora bakal adigang.

    Sanajan aku pinunjul,
    Aku ora bakal dahwen.
    ya, manungsa tetep manungsa.
    Ora bakal ana sing sampurna.


    Hana Dili Setiyana
    9H/19

    BalasHapus
  26. PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega


    nama : ferrico april D.P
    no : 13
    kelas : 9h

    BalasHapus
  27. BIYUNG

    Biyung…..
    Panjenengan iku wanita sing hebat.
    Panjenengan kayata widadari ing njero atiku.

    Biyung….
    Panjenengan sampun ngandung kulo 9 ulan suwine.
    Panjenengan mertaruhake nyawa kanggo kula, dhek wektu aku lahir ing dunya, biyung nangis bungah.
    panjenengan nggendhong kula.
    panjenengan mesti ngajari kula ngelakoni apik lan bener.

    Biyung...
    matur nuwun karo opo sing sampun panjenengan wenehake marang kulo.
    panjenengan mesti njaga, ngelindungi lan ngetrisnani kula tanpa kesah lan pamrih.
    tanpa panjenengan kulo ora bisa ndeleng dunya kang endah iki...
    MATHUR NUWUN...
    pengorbanan panjenengan mesti ana ing urip lan matiku...


    GERRY BAGAS SUWARDANA
    9H/16

    BalasHapus
  28. PEPADANG BAKAL TUMEKA

    angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
    mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
    bumi kang kapidak kebak sinengker
    anggawa ganda bacin
    manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    kanggo kita sami jalma manungsa
    kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
    amadhangi sakendhenging jagat raya
    mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    mangestu nampi pepadhang


    Amanda pramesthi
    9h / 03

    BalasHapus
  29. SEDYAKU

    Wis, Jeng…
    Aku sumeleh
    nyelehake pangarep-arepku
    marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
    yen nyatane amung semene
    cunthele lelakonku…

    Pepenginku tansah sumandhing
    lan nresnani sliramu
    kudu dakprunggel
    sing luwih wigati, Jeng
    donga lan pengestumu wae
    tansah mili kanggo aku

    Wis, Jeng
    aku pamit
    becik njembarake pikir
    nggayuh kabegjan
    mring ati lan katresnan satuhu
    tan ora binagi ing liyan
    sempurna ing guritan siji…

    satryo wicaksono
    32/9h

    BalasHapus
  30. RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh saka cahyamu
    pedhut ing sakindering pandulu

    panjenengan
    guruku, sihku, oborku
    kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming